Page 18 - MODUL BAHASA JAWA ARIF
P. 18

Jinejer neng wedhatama
                          mrih tan kemba kakembeng ing pambudi
                          mangka nadyan tuwa pikun
                          yen tan mikani rasa
                          yekti sepi asepa lir sepah samun
                          samangsane pakumpulan
                          gonyak-ganyuk nglelingsemi

                      7.  Werdine gonyak-ganyuk nglelingsemi, yaiku ….

                          A.  sakarepe dhewe mula ngisin-isini
                          B.  supaya ora mangu-mangu tumindake

                          C.  mapan ing papan sepi murih wening atine
                          D.  aja tumindak kang singlar saka wewaton urip
                          E.  tumindak becik iku minangka lambang kamulyan


                      8.  tembung kemba iku tegese ….

                          A.  isin
                          B.  pinter

                          C.  kulina
                          D.  ragu

                          E.  luwih

                      9.  Pratelan kang ateges ngedohi sawenehne tumindak kang ala, yaiku ….

                          A.  mingkar mingkuring angkara
                          B.  akarana karenan mardi siwi

                          C.  mrih kretarta pakartining ilmu luhung
                          D.  sinawung resmining kidung
                          E.  agama ageming aji


                      10. Dene pratelan kang nudhuhake manungsa iku luwih dhuwur drajate saka titah

                          liyane amarga duwe kapercayan, yaiku ….
                          A.  mingkar mingkuring angkara
                          B.  akarana karenan mardi siwi

                          C.  mrih kretarta pakartining ilmu luhung
                          D.  sinawung resmining kidung

                          E.  agama ageming aji
                                                                                                     18
   13   14   15   16   17   18   19