Page 17 - MODUL BAHASA JAWA ARIF
P. 17
4. Tembung macapat kang duwe pasemon wong tuwa kudu mungkur saka
bebandaning pepenginan yaiku ….
A. Mijil
B. Durma
C. Sinom
D. Kinanthi
E. Pangkur
Nggugu karsane priyangga
Nora nganggo peparah lamun angling
Lumuh ingaran balilu
Uger guru aleman
Nanging janma ingkang waspadeng semu
Sinamun samudana
Sesadoning adu manis
5. Kang ateges manungsa iku kala mangsane tumindak sakarepe dhewe, yaiku ….
A. nora nganggo peparah lamun anglling
B. nanging janma ingkang wus waspadeng semu
C. uger guru aleman
D. nggugu karsane priyangga
E. lumuh ingaran balilu
6. Dadi manungsa iku aja nganti sulap marang pangalembana. Pratelan kang jumbuh,
yaiku ….
A. nora nganggo peparah lamun angling
B. nanging janma ingkang wus waspadeng semu
C. uger guru aleman
D. nggugu karsane priyangga
E. lumuh ingaran balilu
17