Page 12 - MODUL BAHASA JAWA ARIF
P. 12
Tegese tembung :
jinejer : dirakit, digawe sepa : ora ana rasane
kemba : gela sepah : barang ora kanggo
kembenganing : pangarsa asamun : sepi banget
pambudi : akal, karep yekti : satenane
pangupaya samasane : nalika
mangka : dadi, nyatane gonyak-ganyuk : tumindak kang kerep kleru
tuwa pikun : tuwa banget nglelingsemi : gawe isin
mikani : ngerti
Tembang 3
Tembang Wedharan
Nggugu karsane priyangga
nora nganggo peparah lamun angling
lumuh ingaran balilu
uger guru aleman
nanging janma ingkang waspadeng semu
sinamun samudana
sesadon ingadu manis
Tegese tembung :
priyangga : awake dhewe guru aleman : manja, seneng dialem
nora : ora janma : manungsa, wong
peparah : petungan waspadeng : waspada
lamun : yen semu : samubarang kang lamat-
lamat
angling : guneman sinamun : ditutupi
lumuh : ora seneng samudana : ethok-ethok
ingaran : diarani sesadhon : ditanggapi kanthi
balilu : bodho ingadu
uger : angger
C. RANGKUMAN
1. Miturut maknane, tembang Pangkur iku nggambarake mangsa nalika umur kang
wus ngungkurake babagan kadonyan.
2. Watake tembang Pangkur iku madhep manteb, banter, nesu. Cocok kanggo
ngandharake pitutur, katresnan, crita kang nyata, lan sapiturute.
12