Page 10 - MODUL BAHASA JAWA ARIF
P. 10
patut) marang wong wicaksana kang seneng tapa brata (sarjana kang martapi),
kanggo mahami ngelmu kang sejati.
Ngajarake tuntunan moral minangka perangan saka pendidikan karakter ing babagan
etika, sosial, sabab minangka sawijining kuwajiban tumrap urip ing satengahing
masarakat. Ing kene diajarake supaya wong aja nganti tumindak kurang sopan lan
santun ing pasatemon, mula bisa gwe isin (gonyak-ganyuk nglelingsemi) semono uga,
aja tumindak sakarepe dhewe. Sipate, yen guneman tanpa dipikir luwih dhisik, ora
gelem dianggep bodho, lan seneng dialem. Wong kudu bisa empan papan (traping
angganira) lan manut tatanan Negara (angger ugering keprabon).
Serat Wedhatama ngajarake supaya aja tumindak kaya dene tumindake wong bodho,
kang omongane ora karu-karuan lan ora tinemu nalar (ngandhar-andhar angendhukur,
kandhane nora kaprah). Wong kang bodho iku seneng ongas (sombong) (anggung
gumrunggung) lan pengine dialem saben dina (ugungan sedina-dina). Wong kang
cethek ngelmune lan ongas, wateke ketok nalika ngomong ora gelem kalah (lumuh asor
kudu unggul), lan ngremehake wong liya.
Serat Wedhatama uga ngajarake tuntunan moral ing babagan nembah mring Kang
Maha Kawasa. Ing kene diajarake yen agama iku minangka cagaking urip kang luhur
(agama ageming aji). Saliyane iku, ngajarake babagan pemahaman marang Gusti (tan
samar pamoring sukma). Carane kanthi ngeningake cipta lan menep sinimpen ing
sajroning ati (sinukmaya winahya ing asepi, sinimpen telenging kalbu). Yen bisa
nggayuh kasebut, manungsa wis entuk kanugrahaning Gusti. Manungsa bisa dumunung
ing alam kosong (bali alaming ngasuwung), bali ing asal-usule (mulih mula mulanira),
ora mendhem kahanan donya kang asipat ngereh manungsa liyane.
Ing trap-trapan iki para siswa bakal diukur sepira pengertene babagan amanat utawa
pitutur kang kamot sajroning tembang. Mula kanggo ancas kasebut wangsulana
pitakon ing ngisor iki!
Nanging sadurunge ngancik merdekake surasane tembang, coba tulisen tembung-
tembung kang kokanggep angel. Golekana tegese luwih dhisik ing bausastra (kamus)!
10