Page 15 - e-modul pdf
P. 15
Guru Wilangan yaiku cacahing wanda saben sagatra.
Ing macapat utawa Sekar Tengahan , saben gatra/baris diarani pada
lingsa. Nanging yen ana Sekar Ageng, guru wilangan diarani lampah.
Ing sekar macapat, guru iku tegese abot utawa awrat. Diarani abot
amarga :
a. gumathok sukon wulone ing saben pungkasaning gatra
b. gumathok cacahing wanda ing saben gatrane
c. gumathok cacahing gatra ing saben pupuh
Guru Lagu yaiku tibaning swara (a,i,u,e,o) ing
pungkasaning gatra. Guru lagu uga diarani
dhong dhing.
Ing sekar Ageng , guru lagu nduweni teges liya
yaiku guru tegese unjal napas ing kawitane
pedhotan, lan lagu tegese unjal napas
candhake ing sajroning pedhotan. Dene ing
kekawin, guru tegese swara abot, lagu tegese
swara entheng