Page 11 - e-modul pdf
P. 11
MENGENAL JENIS-JENIS
TEMBANG MACAPAT
9
Pangkur utawa mungkur /mundur,
minangka gegambaran yen uripe manungsa
ing tataran wis mungkur/mundur saka
panguripane senenge raga tumuju marang
katentramaning jiwa (mantebe agama).
Manungsa kudu bisa mungkur ngedohi
hawa nepsune nyedhak marang Ustine.
10
Ninggalake seneng-senenge lair, nanging
golek senenge bathin.
Megatruh saka tembung megat/pegat/pisah lan ruh
tegese pisahe nyawa saka ragane tumuju marang
kelanggengan (keabadian). Tembang Megatruh
minangka gegambaran yen manungsa ngancik ing
tataran pecating nyawa saka ragane. Mesthi wae
sadurunge kudu disiapke suapaya bener tujuan roh sing
wes ninggalake raga cocok karo tuntunane agama sing
dirasuk (dianut). Begja lan cilakane ing besuke
gumantung saka tumindak ing donyane. Yen tumindak
apik bakal slamet, nanging yen ala bakal cilaka
selawase.