Page 6 - e-modul pdf
P. 6
A. Asal Usule Tembang Macapat
Buku Mbombong Manah I diterangke yen
tembang macapat 11 warna iku karipta
dening Prabu Dewawasesa utawa Prabu
Banjarsari ing Sigaluh taun Jawa 1191 utawa
tahun masehi 1279.
Miturut Poerwadarminto ateges salah
sawijining karya sastra abasa jawa anyar
awujud tembang kang karantam miturut
paugeran tartamtu kayata guru gatra, guru
lagu, lan guru wilangan.
Miturut serat Mardawa Lagu, tembang
macapat iku saka tembung macapat lagu
yaiku wacan kang kaping papat, awit
kajaba iku ana maneh kang kapisan utawa
kawitan, lagu wacan kaping pindho lan
lagu wacan kaping telu kang diarani maca
sa-lagu, maca ro-lagu, maca tri-lagu, lan
maca pat-lagu.
Macapat iku tembang kang awujud puisi jawa tradisional kang nggunakake
basa jawa anyar kanthi paugeran utawa pathokan sastra jawa kayata guru
wilangan, guru gatra, lan guru lagu. Tembang macapat bisa ditembangake
kanthi dibarengi swaraning gamelan utawa tanpa swaraning gamelan. Dene
larase gamelan iku ana loro yaiku laras pelog lan laras slendro.