Page 7 - e-modul pdf
P. 7
B. Jenis-Jenis Tembang Macapat
1 Maskumambang
Maskumambang iku gegambaran bayi kang urip ing guwa
garba ibune sasuwene sangang sasi. Maskumbang saka
tembung mas lab kumambang. Mas utawa emas minangka
gegambaran barang kang gedhe ajine (berharga). Mambang
utawa kumambang tegese ngambang.
Surasane bayi kang urip ngambang ing sajrone guwa garba
ibune. Sanajan isih awujud bayi kumambang nanging dianggep
kaya dene bandha kang pengaji banget lan dadi gegadhanganing
wong tuwo lorone.
2 Mijil
Tembang mijil minangka gegambarane bayi kang lagi metu utawa lair saka guwa
garbane ibune. Bayi kang lagi lair iku wiwit tepung/kenal pepadhanging hawa
alam donyo kang kapisan. Laire jabang bayi dadi pengarep-arepe wong tuwa
lorone minangka kanugrahane Pangeran kang gedhe ajine. Ibune senajan kanthi
rekasa lan toh nyawa nanging lila legawa mbudidaya kanggo keslametan bayi
lan awake dhewe.