Page 8 - e-modul pdf
P. 8
MENGENAL JENIS-JENIS
TEMBANG MACAPAT
3
Tembang iki saka tembung kanthi kang tegese
gandheng utawa tuntun. Kinanthi tegese dikanthi,
digandeng utawa dituntun supaya bisa tumindak bener
anggone urip ing alam donya. Bocah iku mbutuhake
panuntun/bimbingan wong tuwane supaya tumindake
bener. Panuntun kang paling utama iku saka kulawarga
(ibu lan bapak) banjur lingkungan dolanane, lan
lingkungan sekolahane.
Sinom 4
Tembang sinom tegese si anom ateges isih anom
kang lagi nedheng-nedhenge thukul ngrembaka.
Tembang sinom minangka gegambarane wong
kang lagi ngancik dewasa, minangka
pemuda/remaja kang lagi mekar-mekare awak
llan jiwane. Pemuda/remaja nduweni kewajiban
golek ngelmu saakeh-akehe kanggo sangune urip.