Page 10 - e-modul pdf
P. 10

MENGENAL JENIS-JENIS


                             TEMBANG MACAPAT







                     Dhandhanggula                                                        7



               Tembang iki gambarake uripe manungsa sing wis kasil
               nggayuh kekarepane, kasil nggayuh kepenak urip,

               mulane sakabehe dirasakake kanthi enak lan kepenak
               kaya dene rasane gula kang legi manis.

               Dhandhangula saka tembung dhandhang lan gula.
               Dhandhang tegese manuk dhandhang/gagak minangka

               pralambang kesusahan lan tembung gula kang ateges
               manis/legi. Anggone nggayuh kepenak uripe mesthi
               kudu direwangi rekasa dhisik, mesthi ngrasakke bungah

               lan susah, wis tau ngrasakke rekasane urip.






                                                                                                     8

                                                         Durma






                                             Tembang Durma nggambarake uripe manungsa

                                             kang seneng weweh marang liyan amarga uripe
                                             wes mulya (kepenak) sarwa kecukupan. Minangka

                                             tandha syukur saka peparinge Gusti Allah, wis

                                             samesthine yen kudu gelem darma (weweh,

                                             sedekah) marang sapdha-padha. Seneng dundum
                                             sebagian rejeki marang kang kekuranagan luwih-

                                             luwih sedulur utawa tangga kiwa tengene.
   5   6   7   8   9   10   11   12   13   14   15