Page 112 - Candu Pena
P. 112
Doni nalika lagi turu, banjur tangi amarga krungu
bengoke Heru, “Loh Ru, kapan awamu teka nang
omahku?”. Heru mangsuli, “Aku wis ana ing kene 15
menitan, ngenteni awakmu gak ndang tangi-tangi”.
“Oalah, iya Ru. Sepurane mabengi aku mari
ndeleng pertandhingan bola, hehehe”, Pungkase Doni.
“Ya wes Don, ndang adus cepet, wis dienteni karo Rina
lan Dewi”, Tegese Heru.
Doni banjur nang kamar mandi uga arep adus.
Sawise adus Doni marani Heru. “Ru, ayo nang omahe
Rina. Jaremu wis dienteni”, Omonge Doni. Heru
mangsuli, “saumpama kowe yen isa tangi luwih dhisik
tinimbang pitik kluruk, awak dhewe gak bakal nganti
kesusu ngene iki, mlakune cepet-cepet kaya dioyak
wektu”.
“Ya Allah Ru, aku iki wis njaluk sepura loh.
Ngapunten maneh wis, nggih mas Heru sing guwanteng”,
101