Page 114 - Candu Pena
P. 114

bapak-bapak  kang  lagi  bingung.  Doni  duweni  rasa

          inisiatif  kanggo  nulungi  bapak  kuwi.  Nalika  diparani,


          dumadakan Doni kaget yen pranyata bapak-bapak kuwi

          Pak  Darmadi.  Pak  Darmadhi  minangka  tangga  teparo

          omahe Doni biyen, sadurunge wong tuwane Doni pindhah

          omah.

                 “Loh panjenengan pak Darmadi nggih?”, pitakone

          Doni. Pak Darmadi sing wis  sepuh, rumangsa rada lali.

          “Loh nak, sampeyan niku sinten? Kok tepang kalih kula”,


          Wangsule  pak  Darmadi.  Nalika  pak  Darmadi  mangsuli,

          Doni  banjur  kelingan  jaman  biyen  nalika  dheweke  isih

          sekolah  dasar.  Menawa  arep  budhal  sekolah,  wayah

          esuk.  Dheweke  mesthi  diajak  pak  Darmadi  keliling

          sawahe.  Banjur  nalika  Doni  ditinggal  wong  tuwane

          nyambut  gawe,  pak  Darmadi  tansah  ngancani  Doni

          dolanan  lan  sinau.  Doni  kelingan  jaman  kepungkur.

          Dheweke dadi pengin bales jasane pak Darmadhi.






                                                                  103
   109   110   111   112   113   114   115   116   117   118   119