Page 113 - Candu Pena
P. 113
Guyone Doni. Sajrone lakune Doni lan Heru tumuju ing
omahe Rina digawe gojegan terus. Nalika tekan omahe
Rina. Heru lan Doni banjur disambati karo Dewi, “Kowe
iki wong loro, nangdi wae? Aku karo Rina wis ngenteni
ana setengah jam. Ora ana rumangsa duwe janji ngunu
ta?”.
Doni banjur mangsuli, “iya, sepurane banget Wi,
Rin. Aku wingi bengi mari ndelok pertandingan bola. Dadi
esuk iki mau tangiku rada kawanan”. Kahanan ing omahe
Rina banjur dadi sepi. Dewi sing sadurunge nesu, saiki
mung meneng. Heru uga mung nyimak wae apa sing di
omongake Dewi. Amarga dirasa kahanane ora penak.
Pungkasane Rina nyoba nylimurake kahanan kuwi. “Wis
ora usah diterusake kowe wong loro yen padha padu, ya
wis Wi, Doni wis njaluk sepura sisan”, Pungkase Rina.
Dewi lan Doni wis rukun. Wong loro kuwi mau
rujuk, dheweke padha budhal mlaku-mlaku. Ana ing
dalan wong papat kuwi padha ketemu karo
102 Fatimatuz Z. lan Siswa MTsN 1 Sidoarjo