Page 155 - Candu Pena
P. 155

bocah  padha  arep  manjer  layangan.  Wujude  layangan

          rena-rena rupane uga maneka warna. Ana model biasa


          kaya layangan, kupu-kupu, iwak, uga ana sing bapangan.


                 Bocah-bocah katon padhang atine. Layangane wis

          padha  muluk  ana  ing  dhuwur  kaya-kaya  arep  jempo

          langit. Langite uga katon sumilak padhang, sing dolanan

          atine padha bungah layangane muluk kabeh.


                  Sedhela wae layangane bocah saklapangan  padha

          mumbul  dhuwur,  ora  nyana  nalika  ana  angin  gedhe.


          Layangan  Adi  kesambet  layangane  bocah  liyane.

          Layangane  langsung  pedhot.  Layangane  ucul  embuh

          menyang endi parane. Bimo ngguyu cekakak kesenengan

          weruh layangane pedhot. Sakala Adi kaya pedhot atine

          guyune  Bimo  nyata  ngabangake  kuping.  Kajobo  ngguyu

          cekakaan  Bimo  pancen  gedhe  omonge,  njalari  sing

          ngrungokake  anyel.  Pancen  layangane  Adi  kalah  gedhe

          karo  layangane  Bimo,  mula  gampang  kesambet.  Bimo

                   rumangsa seneng atine.

            144           Fatimatuz Z. lan Siswa MTsN 1 Sidoarjo
   150   151   152   153   154   155   156   157   158   159   160