Page 156 - Candu Pena
P. 156

Srengenge  wis  meh  angslup.  Langite  isih  katon

          padhang sumilak. Bimo sakanca isi playon. Kanca liyane


          ana sing dolanan gobag sodor, getheng, dhamparan uga

          ana  sing  mung  ngetutake  wedhuse  ing  suketan.  Sore

          kuwi  langite  kang  maune  padhang  sumilak  sangsaya

          mbleret,  Srengenge  wes  angslup.  Bocah  sing  padha

          dolanan ngringkesi dolanane, sing angon wedhus padha

          nggiring wedhuse bali menyang kandhange.


                 Isih sore sawise isya’ aku wis turu. Atiku seneng

          sanget  sebab  di  janjeni  pak  lik  bakal  diajak  nonton


          wayang. Ing tutupan acara buka giling pabrik gula, bakal

          ana  pagelaran  wayang  kulit,  ”  le  ayo  tangi”,  Alon-alon

          mripatku melek, jam sewelas bengi aku digugah paklik,

          aku sakolo kelingan yen arep diajak deleng wayang. Aku

          tangi  cekekal  kesusu  arep  budhal.”He,  kono  menyang

          jedhing dhisik raup lan basuh dhisik!


                    Tekan ing pelataran pabrik  gula jebul  wis rame

          sing  padha  nonton.  Dhalange  Ki  Manteb

                                                                  145
   151   152   153   154   155   156   157   158   159   160   161