Page 160 - Candu Pena
P. 160

dalan. Praupane kucing katon sedhih uga lesu. Wedhus

          menehi  pitakonan  marang  kucing  kaya  dene  pitakonan


          kang ditakokake marang asu ajag. "Aku wis tuwa banget

          kanggo nyekel tikus, mula aku luwih seneng lungguh lan

          turu”,  wangsulane  kucing.  Krungu  critane  kucing  sing

          sedhih, wedhus kasebut ngajak dheweke melu nari ing

          kutha.  Kucing  kasebut  uga  nyarujuki  tawaran  wedhus.

          Kewan telu mau akhire mlaku bareng tumuju kutha.

                 Kewan  telu  padha  bebarengan  mlaku  menyang


          kutha, ora let suwe kewan telu ketemu bebek lanang sing

          njerit.  Bebek  lanang  katon  keweden.  Jebule  kepengin

          disembeleh lan digawe pasugatan. Kaya biasane, wedhus

          uga  ngajak  menyang  kutha.  Nanging  bedane  bebek

          ditawari  wedhus  dadi  penyanyi.  Banjur,  bebek  uga

          sarujuk karo tawaran kasebut.

                 Wedhus  wiwitane  budhal  dhewekan,  saiki

          kekancan karo kancane telu sing nasibe padha. Ing dalan

          wong  papat  padha  critakake  kedadean  kang  dialami



                                                                  149
   155   156   157   158   159   160   161   162   163   164   165