Page 164 - Candu Pena
P. 164

DALAN BUNTU

                     Dening: M. Daffi Tra Kizwansyah


                 Alif  Syahputra  Salah  siji  bocah  kang  duweni

          keluarga  bahagiya  lan  urip  sarwa  kecukupan.  Taun  iki

          Alif  lulus  kuliah  S1  jurusan  Teknik  Mesin.  Alif  nyoba

          nggawe  maneka  teknisi,  nanging  upadi  sing  dheweke

          lakokake ora ngasilake. Alif panggah nyoba lan nyoba,

          nanging panggah ora ngasilake. Alif nganti bingung lan

          frustasi  sakabehe  upaya  kang  ditindakake  ora  babar


          pisan blas antuk asil kang dipengin.


                 “Huuf ngapa ya, aku kok terus ora antuk asil kang

          dakpengin  ing  babagan  teknik  mesin?”  guneme  Alif

          sajrone ati.


                 “Aku  ngrasa  frustasi  marang  kahananku  nganti

          wetengku luwe, ana ing pawon ana panganan apa ora ya?”,

          swarane Alif karo nada lirih sinambi nuju ing pawon.







                                                                  153
   159   160   161   162   163   164   165   166   167   168   169