Page 166 - Candu Pena
P. 166

Banjur Alif bali mulih lan mangan sega kang wus

          diolah dheweke dhewe. Dumadakan Alif kaget marang


          sega kang wus digawe kuwi. Pranyata sega kasebut krasa

          enak banget.


                 “hla  ya...,  tangan  iki  jarang  digawe  masak  sega

          goreng  kok  ya  asile  kok  penak  banget  ya,  beda  karo

          pakaryanku ing bagean teknik mesin iki. Saben dina dak

          candak kok ya ora ana sing maremake ati. Apa ya aku

          dadi tukang masak wae tinimbang dadi tukang mesin”,

          Alif grudel dhewe.



                 Alif  krasa  bingung  kudu  pakaryan  apa.  Alif

          nglamar  ing  pabrik-pabrik,  buka  bengkel  cilik-cilikan

          nanging ora ana sing maremake ati. Pabrik ora ana sing

          buka lowongan  ing bagean  teknik  mesin.  Buka bengkel

          ana  ing  omah  nanging  usaha  kasebut  sepi.  Alif  saya

          frustasi marang kahanane.







                                                                  155
   161   162   163   164   165   166   167   168   169   170   171