Page 165 - Candu Pena
P. 165

“hla ya ngene iki yen ora duwe sisihanan iki, ora

          ana sing gatekake wis mangan apa durung, ana ing pawon


          ora ana lawuh mung sega putih wae,” Alif gruneng dhewe

          kanthi swara lirih.


                  Alif nyoba ngolah sega putih kuwi dienggo sega

          goreng. Alif gawe sega goreng kanthi nggunakake bumbu

          sakirane  dheweke  ngerti.  Sakwise  sego  goreng  kuwi

          matang, dheweke nyisihake sithik kanggo dhewe banjur

          sisane  diwenehake  marang  tangga  teparone  amarga

          dheweke gawe sega goreng lumayan akeh.



                 “Pak, kula nggada sekol goreng damel piyambak,

          menawi njengan kersa niki kula nggada 2 wungkus kangge

          njenengan?”  Alif  nawakake  sega  goreng  marang

          tanggane.


                 “oow,,  nggih  matur  nuwun  mas  Alif,  kok  ya

          sampeyan  ngerti  wae  yen  lagi  pengin  mangan  sega

          goreng”. Wangsulane tanggane Alif.



            154           Fatimatuz Z. lan Siswa MTsN 1 Sidoarjo
   160   161   162   163   164   165   166   167   168   169   170