Page 162 - Candu Pena
P. 162

pangajake  kucing.  Wedhus  kasebut  mangsuli,  "Aja

          kesusu, ayo padha ndeleng kahanan ing njero, dideleng


          saka  pasuryane  rombongan  wong  kuwi  kaya  rampog”,

          kandhane serigala.

                 Kewan  papat  kuwi  padha  mikir,  akhire  kewan

          papat duwe ide sing apik. Nalika wedhus menehi tandha,

          serigala  langsung  mlumpat  menyang  mburi.  Banjur

          kucing menek menyang mburi serigala lan bebek lanang

          mabur lan ndharat ing sirahe kucing. Bareng wis siyap,


          wedhus-wedhus  padha  ingak-inguk,  diterusake  karo

          kluruk asu ajag, ngeong kucing, lan kluruk bebek lanang.

                 Wong sing ana ing gubug padha wedi karo swara

          kang  diasilake  marang  kewan  papat  kuwi.  Swarane

          nyeremake  nalika  keprungu  ing  kuping.  Rombongan

          pawongan kuwi padha wedi yen ana kewan galak nyedhaki

          dheweke.  Pungkasane,  rombongan  pawongan  padha

          keplayu mangkat saka gubug.






                                                                  151
   157   158   159   160   161   162   163   164   165   166   167