Page 171 - Candu Pena
P. 171

Cangkir Kenangan

                   Dening: Lintang Titian Trisnaningrum


                 Esuk-esuk,  mbah  Kung  nangekake  Aina  sing
          keturon kepati. Nalika Aina wis tangi saka turune, Mbah
          kung ngomong menawa dina iki Aina lan mbah Kung kudu
          ngresiki omah ben ora katon rusuh. “Raup dhisik Aina,
          ben ora ngantuk maneh”, ngendhikane Mbah Kung. Aina

          manthuk sirahe.

                 Sawise kuwi Mbah kung ngandani yen sing diresiki
          dhisik bagean taman utawa kebon. Amarga akeh wit lan
          tanduran sing wis alum. Mbah Kung menehi gunting ing

          Aina gawe Ngguntingi godhong godhong sing wis alum.
          Sawise kuwi Aina nyemproti obat ing wit lan tanduran
          supaya ora ana hama utawa kewan sing ngrusak wit lan

          tanduran  kasebut.  Ora  lali  Aina  njupuki  pelem-pelem
          sing wis mateng ing wite mbah Kung.

                 “Tamane  wis  mari  nduk,  saiki  ngresiki  omah
          bagean  ruwang  tamu  lan  ruwang  tengah”,  ngendikane

          mbah  Kung.  “Nggih  mbah”,  wangsulane  Aina.  Aina
          ngrewangi Mbah Kung nata meja lan kursi, nyapu ruwang
          tamu  lan  mbenakake  pigura  supaya  rapi  lan  penak  di
          sawang.





            160           Fatimatuz Z. lan Siswa MTsN 1 Sidoarjo
   166   167   168   169   170   171   172   173   174   175   176