Page 176 - Candu Pena
P. 176

Srengenge  jumbul  ing  sisih  wetan,  pratandha

          esuk  wus  tumiba.  Jam  nuduhake  tabuh  06.00  WIB,


          bocah  sekolah  padha  sliweran  ana  ing  dalan  budhal

          menyang sekolah. Nisa uga budhal menyang sekolah lan

          ora lali nggawe  busana profesi.  Nisa teka ing sekolah

          tabuh 06.30, dheweke gage golek panggon baris amarga

          tabuh 07.00 WIB upacara dina sumpah pemuda diwiwiti.

          Sawise  upacara  rampung  saben  kelas  wajib  nampilake

          kekompakan kelase piyambak-piyambak. Kelas 8A yaiku


          kelas kang didunungi  dening Nisa. Kelas 8A nampilake

          fashion  show,  paduan  swara  tur  puisi  ngenani  sumpah

          pemuda.  Wektu  tampil  wus  rampung,  kanca-kanca

          sekelas Nisa menyang kelase.


              “kanca-kanca ayo awake dhewe foto bareng, itung-

              itung digawe kenang-kenangan” tembunge Shinta.

              “yok!  Aku  melu,  awake  dhewe  wis  jarang  foto

              bareng,  mumpung  iki  ana  kalodhangan  wektu”,


              pocape Dhani.

                                                                  165
   171   172   173   174   175   176   177   178   179   180   181