Page 172 - Candu Pena
P. 172

Sawise kuwi  Aina takon  ing mbah  Kung menawa

          ana sing perlu di rewangi maneh. “Buncalen sampah sing
          ana pawon”, wangsulane Mbah Kung. Aina langsung mlaku
          ing pawon lan mbuwang sampah ing tong sampah ngarep
          omah.  Sawise  buncal  sampah,  Aina  ora  lali  wisuh  ben
          tangane ora ana kumane.


                 “Sampun  mbah,  napa  wonten  ingkang  kula
          kerjaken  malih  mbah?”  pitakone  Aina.  “Gawekna  teh
          wae, aja legi-legi mbah wis tuwa hehehehh”, wangsulane
          Mbah  Kung  karo  guyon.  Aina  ngacungake  jempol  karo

          ngguyu krana guyonane mbah Kung. “Oh iya nduk, aja lali
          nggawe  cangkir  sing  coklat”,  kandhane  Mbah  kung.
          “Nggih Kung, siap!” wangsulane Aina.


                 Aina menyang pawon banjur  langsung  menehake
          teh  ing  Mbah  Kung.  Banjur  Aina  takon  “Punapa  Mbah
          Kung  remen  ngginakaken  cangkir  niku?  Mbah  Kung
          mesem  sajak  nyiratake  samubarang.  Mbah  Kung

          nyeritakake yen cangkir kuwi digawekake Mbah Utine
          Aina, kahanan kuwi ndadekake kenangan kanggo Mbah
          Kung. Pitakone Aina wis diwangsuli lan dheweke wis ora
          penasaran.


                 Teh Mbah Kung wis entek lan Mbah Kung njaluk
          tulung  ing  Aina  saperlu  Nggawa  cangkire  ing  panggon
          korah-korah.  Nanging  ora  dinyana,  Aina  tiba  amarga

                                                                  161
   167   168   169   170   171   172   173   174   175   176   177