Page 173 - Candu Pena
P. 173
kesandung kursi ruwang tamu. Aina njerit, nanging Aina
njerit ora krana dheweke kesandung, nanging krana
cangkir sing diremeni Mbah kung pecah. Aina ngrasa
salah.
Mbah kung langsung nekani Aina. “Huhu.... Mbah
Kung, Aina nyuwun ngapunten sanget, cangkir
ketrsenane mbah Kung pecah, huhu.... ngapunten Kung...”
Aina nangis. “pun wis, ora apa apa, sing wis mbiyen ya
ben dadi mbiyen, ora apa apa Aina, wis ora usah nangis”,
kandhane Mbah Kung prihatin. Mbah kung kandha “wis...
tumbas sing anyar wae, ayo aja nangis maringene budhal,
cup cup..”.
Aina lan Mbah Kung budhal ing Took Cangkir.
Sakwise ana tokone, Mbah kung ngomong “Iki sing milih
cangkire sampeyan wae, ben isa gawe kenangan anyar.”
Aina langsung nggolek cangkir sing apik lan murah gawe
mbah Kung.
Satekane ing omah Aina nyawang ing kamar mbah
Kung ana buntelan kain. Amarga penasaran Aina mlebu
ing kamare Mbah Kung lan langsung mbuka buntelan kain
kuwi. Sakwise mbukak, Aina kaget, amarga isine cangkir
wau sing wis pecah. “Riyosipun ingkang lajeng kajengipun
tumunten, nanging kok tasih disimpen” Aina sedhih lan
ngrasa salah. Nanging piye maneh, pun mboten saged
162 Fatimatuz Z. lan Siswa MTsN 1 Sidoarjo