Page 178 - Candu Pena
P. 178

“eh Nisa renea, kanca liyane lagi deleng kasil foto

              masa  kowe  ora?  Mrene  deleng  bareng  aku”  ucap


              dhani kang ngrasa melas weruh Nisa dhewean.

              “waaah apik ya!”.

                 Dumadakan  perasaan  Nisa  campur  antarane

          seneng  lan  sedhih.  Seneng  amarga  bisa  makumpul

          bareng kanca sekelase lan sedhih dumadakan kelingan

          almarhumah ibune.

                “eh  Nis,  geneya  dumadakan  nangis  mangkono?”


          takon Shinta.

                “aku ana salah ta Nis?” takon Dhani kang ngira iki

          salah dheweke.

                “ora kok kanca-kanca, aku mung kelingan wong kang

                dak tresnani “, wangsule Nisa sinambi ngusap luhe.

                 Nisa nganggep menawa kabehing kanca sekelase

          wektu kuwi katon kaya wong tuwane piyambak-piyambak.

          Ananging  Nisa  tekan  wektu  iki  durung  mangerteni

          pasuryan almarhumah ibune.



                                                                  167
   173   174   175   176   177   178   179   180   181   182   183