Page 23 - Candu Pena
P. 23

sarapan, bocah kasebut nakokake ngenani boneka sing

          diimpi-impikake.  "Pak,  janji  nggih,  mengko  tumbas


          boneka  Barbie,"  ujare  bocah  kasebut.  "ya,  sampeyan

          kudu sinau sing sregep ya ning sekolah,” kandhane Bima.

          “nggih pak,” wangsulane bocah.

                 Sakwise  sarapan  Bima  langsung  mangkat  golek

          iwak, dene bocahe budhal sekolah. Nalika Bima tekan ing

          segara,  banyune  lagi  pasang  (mundhake  volume  banyu

          segara amarga gravitasi bumi). Bab iki njalari Bima ora


          bisa  golek iwak nganti tengah  segara kang  ndadekake

          Bima  mung  bisa  golek  iwak  ing  sakupenge  dharatan.

          Kedadeyan kuwi kang ndadekake Bima mung bisa antuk

          iwak cilik.

                 Srengenge awit lingsir, nuduhake yen Bima wiwit

          adol asil tangkapane. Nalika kabeh iwak wis didol Bima,

          Bima antuk dhuwit 50.000 ewu, dhuwit kuwi dikira wis

          cukup  kanggo  tumbas  bonekane  bocah  kuwi.  nanging

          nalika  tekan  toko  lan  weruh  regane,  dheweke  kaget



            12            Fatimatuz Z. lan Siswa MTsN 1 Sidoarjo
   18   19   20   21   22   23   24   25   26   27   28