Page 18 - Candu Pena
P. 18

“matur  nuwun  Pak,  godo  roti  kasebut  sampun

          cekap kangge kula, niku menawi njenengan parengaken


          kula pendhet”, ujare Sumi.

                 “nggih..”, wangsulane bapak kasebut kanthi rasa

          ora penak. Sumi gage menyang pawuhan saperlu njupuk


          godo  roti  kasebut  kanthi  praupan  sumringah.  Sumi

          mangan  godo  roti  kuwi,  pisan-pisan  dheweke  ngusap

          lambene kanggo ngilangi minyak sing nemplek.


                 Jroning mobil, bapak kuwi deleng Sumi kang lagi

          mangan. Kanthi rasa melas, bapak kuwi nyedhaki Sumi.


                 “Ndhuk,  apa  bapak  oleh  takon  karo  sampeyan,

          lapo  kok  sampeyan  njaluk  ijin  marang  bapak  kanggo

          njupuk  godo  roti  kang  bapak  buwang  ing  pawuhan?”,

          pitakonane bapak kanthi praupan kebak penasaran.


                 “amergi  njenengan  sampun  bucal  dhedhaharan

          kasebut, kula bakal ngrasakaken econipun dhedhaharan

          halal  menawi  kula  sampun  nyuwun  ijin  dhateng



                                                                   7
   13   14   15   16   17   18   19   20   21   22   23