Page 14 - Candu Pena
P. 14

sangarepe  lampu  bangjo.  Dheweke  ora  preduli  karo

          kahanane  kang  kaudanan.  Dheweke  mung  preduli  karo


          ariwarti  sing  digawa  ing  tangane  kanthi  menehi

          lembaran plastik ing sadhuwure ariwarti.

                 “KORAN...  KORAN..,  Koranipun  Bu”,  swara  sing


          dadi  punjering  kawigaten  kang  ndagangake  ariwartine

          sing biasa warga kenal kanthi jeneng koran.


                 Salah  siji  mobil  kang  mandheg  ing  perempatan

          kasebut, ana wong wadon sing deleng Sumi ing sajrone

          mobile  kanthi  rasa  mesakne.  Ing  sajrone  batine

          dheweke mikir “wong tuwane ana endi? Kok tega jarke

          bocah  cilik  ndagangake  koran  ing  satengahe  udan

          deres”.  Wong  wadon  kuwi  banjur  awe-awe  Sumi  ing


          jroning mobil kanthi mbukak kaca mobil sithik sinambi

          ngulungake salembaran dhuwit seket ewuh.

                 “badhe  tumbas  koran  menapa  bu?”  pitakonane


          Sumi kanthi wajah sumringah.



                                                                   3
   9   10   11   12   13   14   15   16   17   18   19