Page 13 - Candu Pena
P. 13

Ariwarti


                          Dening: Fatimatuz Zahro






                 Enjing iki udan nggrejih kang ora mandheg. Hawa

          sing  biasane  panas  srengenge  krasa  mentor-mentor

          jutul bun-bunan, dina iki rinasa adhem banget. Ing dalan

          mung  siji  loro  kendaran  kang  lintang.  Dina  iki,  dina

          minggu wong-wong padha prei karo pakaryan sing biasa


          ditindhakake. Warga padha males metu saka omah.


                 Sikil-sikil longkrah kuwi terus jumangkah. Mecaki

          dalan-dalan  cilik,  nyasak  menyang  ramene  kendharaan

          sing pating sliri. Sikil-sikil longkrah iku terus jumangkah

          manut  wiramane  napas  kang  kembang-kempis  ing

          dhadhane.  Tangane  kumrembyah  nyandhak  ariwarti

          kang cumawis ana ngarepe.


                 Ana ing perempatan dalan, Sumi salah siji bocah

          cilik  rawa-riwi  nyedhaki  mobil  kang  mandheg  ana  ing

             2            Fatimatuz Z. lan Siswa MTsN 1 Sidoarjo
   8   9   10   11   12   13   14   15   16   17   18