Page 16 - Candu Pena
P. 16

pratandha  lampu  wus  werna  ijo.  Bocah  wadon  kuwi

          ambegan landhung ana sapinggiring dalan.


                 Sumi  mlaku  ing  sapinggiraning  dalan  banjur

          menyang  warung  sing  dumunung  ing  sakidule  prapatan

          lampu  bangjo  saperlu  ngayup  saka  udan.  Pisan  pindho


          tangane  Sumi  ngusap  banyu  ing  praupane  sing  keno

          cipratane  udan.  Sumi  nyawang  sliweraning  mobil  ing

          dalan. Jroning batin Sumi “Ya Allah, dinten niki koran

          kula setunggal mawon dereng pajeng”, sambate Sumi.


                 Wektu  wus  nuduhake  tabuh  16.00,  pratandha

          wektu sore wus dumugi. Sore kuwi udan uga isih gerimis.

          Sumi uga isih  ana  ing warung sing lagi  tutup  kasebut.

          Sumi  nyelehake  tangan  ana  ing  padharane  kang  wiwit


          luwe.  Dumadakan  mobil  mandheg  ana  ing  sangarepe

          Sumi,  ana  bapak-bapak  kanthi  pasuryan  kebak  rasa

          mangkel  metu  saka  mobil  menyang  pawuhan  (panggon

          sampah).




                                                                   5
   11   12   13   14   15   16   17   18   19   20   21