Page 20 - Candu Pena
P. 20

Sumi  meneng  sedhiluk  banjur  nyedhaki  bapak

          kuwi lan ngambung tangan bapak kanggo pamitan. Bapak


          kuwi mandhengi Sumi kang sibuk ngrapekake ariwartine.

                 “Mas,  kalawartine  genten,  maca  wiwit  mau  kok

          durung  rampung”,  swarane  salah  siji  siswa  sing  lagi


          pengin maca kalawarti ing perpus.


                 “sek.., dhiluk maneh, iki aku lagi maca cerkak sing

          apik banget”, sambunge siswa liyane sing lagi maca ing

          perpus.


                 “Mengko terusna maneh, aku nyilih sedhela bae,

          aku arep maca cerbung.”

                 Siswi kuwi ngalah, kalawarti diwenehake marang

          siswa  liyane.  Senajan  durung  rampung  anggone  maca

          cerkak ing kalawarti kuwi, nanging wis ana piwulang sing

          bisa  disimpen  ing  ati.  Kudu  syukur  marang  sakabehe

          wenehaning Gusti Allah, jalaran rezeki wis diatur dening


          Gusti Allah. Sing penting ora colong jupuk darbeke liyan.



                                                                   9
   15   16   17   18   19   20   21   22   23   24   25