Page 30 - Candu Pena
P. 30

“Tenan Mas?? Matur nuwun Mas. Aku sayang banget

              karo Mas”, kandhane adhike karo mesem.


                 Sawise  rong  minggu,  olimpiade  dianakake.  Ali


          ndungo marang Allah SWT supaya diparingi kelancaran

          lan asil sing dikarepake. Olimpiade wis diiwiti, ora lali Ali

          maca dunga sakdurunge ngerjakake  olimpiade. Dheweke

          nggarap kanthi fokus banget. Saliyane kuwi, adhike lan

          Yusaq ing omah ndungo marang Allah SWT supaya Ali

          diparingi juwara lan gangsar.



                 Sesuke  diumumake  sapa  sing  wis  melbu  babak

          final.  Nanging,  Ali  ora  lolos.  Dheweke  sedhih  banget,

          dheweke  ngerti  yen  iki  ora  dudu  rezekine.  Dheweke

          yakin yen mangsa ngarep bakal antuk juwara.


              “Dhik,  sepuranen  Mas,  ya?  Olimpiade  iki  Mas  ora

              bisa  menang  lan  uga  ora  bisa  netepi  janji”,

              ngendikane sinambi ati nandhang sedhih.






                                                                  19
   25   26   27   28   29   30   31   32   33   34   35