Page 35 - Candu Pena
P. 35

Pendaftaran  ing  MTsN  1  Sidoarjo  dibuka,  aku

          langsung daftar liwat Japres Tahfidz lan Alhamdulillah


          aku  ketampa.  Ibuku  ngendika  "Alhamdulillah  ketampa

          mbak, Bu guru ngendika yen bocah mlebu liwat Japres

          Tahfid kudu mlebu kelas Tahfidz". "Lho... mboten angsal

          milih  kelas  lintune  buk?  Kula  nggadah  kersa  wonten

          kelas Matematika", wangsulanku karo kaget. “Ora bisa

          mbak,  sampean  kudu  mlebu  kelas  Tahfidz,  iku  wes

          peraturan sekolah”, wangsulane  ibukku. Aku  ikhlas  lan


          nyoba nampa kasunyatan.

                  Nalika aku mlebu sekolah, guru Tahfidz menehi

          informasi "Anak-anak kowe mlebu kelas Tahfidz. Mula

          targete ustadzah kowe isa nambah siji halaman saben

          dinane. Setorane dilaksanakake saben dina senen, Rebo

          lan  Kemis."    "Hahhh...  tambahan  sak  halaman  saben

          dina...”,  batinku.  Target  sing  diwenehake  dening

          ustadzahku nggawe aku pengin nangis.






            24            Fatimatuz Z. lan Siswa MTsN 1 Sidoarjo
   30   31   32   33   34   35   36   37   38   39   40