Page 37 - Candu Pena
P. 37
nate dhawuh "Yen kita njaga Al-Qur'an kita uga bakal
dijaga dening Al-Qur'an lan uga bakal gampang
nindakake apa-apa". Aku kudu pinter mbagi wektu
kanggo ngapalake Al-Qur'an lan sinau wulangan sekolah.
Wektu apalan, aku tau nganti nangis amarga aku
kangelan ngapalake ayat-ayat Al-Qur'a. Aku wis apal siji ayat
nalika aku nerusake menyang ayat sabanjure banjur
ngapalake, ayat sing wis apal sadurunge mau dumadakan lali,
sanajan wis bola-bali tak baleni. “Ya Allah aku kesel.. aku
pengen ndang apal”, aku ngedumel ana ing njero ati.
Aku tetep nyoba amarga aku percaya yen usaha ora
bakal ngiyanati asil. Sakliyane nyoba, aku uga tansah
ndedonga lan pasrah marang Gusti Allah. Saben dina aku
liwati kadang susah, kadhang bungah. Nanging aku tetep ora
bakal nyerah.
Wektu terus lumaku, wayah ujian apalan lan ujian
sekolah wus tumiba. Ujian sekolah ditindakake dhisek nganti
pitung dina. Sawise ujian sekolah rampung, ujian hafalan
diterusake. Aku marem karo jawabanku nalika ujian sekolah
26 Fatimatuz Z. lan Siswa MTsN 1 Sidoarjo