Page 36 - Candu Pena
P. 36

Nalika mulih sekolah aku langsung matur marang

          ibuku  apa  sing  diomongake  ustadzahku  lan  ngaturake


          sambatku,  "Buk  wawu  Ustadzah  dhawu,  menawi

          Ustadzah  nargetaken  tambahan  setunggal  halaman

          saben  dinten.  Jujur  kula  ajrih  mboten  saget  Bu,  kula

          ajrih menawi kula hafal lajeng kula mboten saged njagi

          utawai  kesupen.  Kula  nggih  ajrih  menawi  wonten

          wulangan  sekolah  kula  mboten  saged  ngerjakaken

          wulangan kasebut”, ngendikanku.


                 Sakwise  aku  ngomong  ngono,  ibuku  paring

          nasehat,  nyemangati,  lan  ngyakinake  yen  aku  bisa.

          Pitutur  sing  diparingake  ibuku  nggawe  aku  bungah

          maneh. Aku pengin bisa ngimbangi antarane apalan Al-

          Qur'an lan sinau wulangan sekolah, aku pengin dadi siswa

          sing paling apik ing wulangan sekolah lan ngapalake Al-

          Qur'an ing kelas.

                  Kanggo ngimbangi iku pranyata ora gampang. Aku

          luwih  merhatikake  apalan  Al-Qur'anku.  Ustadzahku



                                                                  25
   31   32   33   34   35   36   37   38   39   40   41