Page 31 - Candu Pena
P. 31

“Mas, kok njaluk ngapura?? Pilihane Gusti Allah iku

              mesthi sing paling apik,  dadi  ora usah kuwatir lan


              sedhih”, kandhane adhike.


                 Kira  kira  sewulan  sabanjure  sekolah  kasebut

          nganakake  olimpiade  maneh,  yaiku  Matematika,  Sains,

          Ilmu Sosial, lan Inggris. Ali ora mbuwang kesempatan

          iki,  dheweke  ndaftarake  jenenge  ing  olimpiade  Ilmu

          Sosial.  Yusaq  tansah  nulungi  Ali  sinau,  lan  ora  lali

          dheweke tansah ndonga supaya Ali diparingi juara. Ing

          dina  olimpiade,  Ali  nyuwun  marang  Gusti Allah  supaya


          wektu iki bisa dadi juara.

                 Sesuke, pengumuman olimpiade. Ali tansah dunga

          marang Gusti Allah supaya bisa menang juara. Ali maca

          daftar  daftar  sing  lolos  ing  babak  sabanjure.  Sawise

          diwaca siji mbaka siji, ora nyana jenenge ana. Ali seneng

          banget, dheweke langsung ngabari adhine lan Yusaq.


                 Ing babak sabanjure Ali bungah banget, amarga

                   dheweke  bisa  nindakake  kagiyatane.  Ali  iku

            20            Fatimatuz Z. lan Siswa MTsN 1 Sidoarjo
   26   27   28   29   30   31   32   33   34   35   36