Page 94 - Candu Pena
P. 94

wingi  kuwi  Al,  jenenge  Ilham!”,  wangsulane  Alya  karo

          semangat anggone crita.


                 Atine Elmira kaget sajak mari disamber gledek.


          Pangrasane  Elmira  padha  kaya  kahanan  dina  iki,

          mendhung peteng sajak wus nggambarake atine Elmira.

          Elmira uga ngrasa nyesek krungu menawa wong sing lagi

          cedhak karo Ilham yaiku kanca rakete dhewe.


                 Salah sijine dina ing kantin sekolah, Elmira mlaku

          dhewekan  kang  biyasane  bareng  karo  Alya  nanging


          wektu iku Alya lagi ora mlebu sekolah. “heey…, enteni

          dhisik!”,  krungu  swara  saka  mburi  Elmira  kang  gawe

          Elmira  noleh  menyang  sumbere  swara.  Elmira  deleng

          marang  sumber  swara  pranyata  Katon  ana  siji  lanang

          sing mlayu pinuju menyang arah Elmira, lanang iku yaiku

          Ilham.  Lanang  sing  lagi  cedhak  karo  kanca  rakete,

          Elmira  sing  lagi  bingung  uga  njawab  “i-iya,  lapo?”

          wangsulane  Elmira.  “Kowe  kancane  Alya  ya,  ee..  sapa

          jenenge?”,  pocapane  Ilham  karo  ngos-ngosan

                                                                  83
   89   90   91   92   93   94   95   96   97   98   99