Page 96 - Candu Pena
P. 96

bel” jare Elmira lan langsung ngadhek saka kursine. “eh

          sik,  misal  aku  njaluk  nomer  telfonmu  antuk  ora?  Ben


          luwih gampang anggone njaluk tulung”, pocapane Ilham.

          “Iki salinen wae”, wangsulane Elmira karo ngarahake hp

          marang Ilham. “oke, mengko tak chat”, cethane Ilham.


                 Saben  dina  Elmira  lan  Ilham  komunikasi  liwat

          chat saperlu nakokake ngenani kanca rakete yaiku Alya.

          Kahanan  kuwi  ndadekake  Elmira  cedhak  karo  Ilham.

          Cedhake Elmira lan Ilham agawe pangrasane bocah loro

          kuwi nuwuhake kembang-kembang ana njero atine, sing


          biyasane  ngomong  ngenani  Alya  saiki  pacelathone

          nakokake pawartane lan kahanan atine dhewe-dhewe.





                 Nalika  wayah  ngaso,  Alya  crita  marang  Elmira

          ngenani pangrasane ngenani Ilham. “Mir kowe weruh ora,

          Ilham  saiki  jarang  komunikasi  karo  aku.  Sing  biasane

          saben dina dheweke chat aku nakokake pawartaku saiki



                                                                  85
   91   92   93   94   95   96   97   98   99   100   101