Page 4 - MODUL BAHASA JAWA LATIHAN
P. 4

Budi Harto nyuwun mugio para lenggah sedaya kerso nyrantos pawiwahan punika wiwit purwa,
               madya, dumugi wasana. Panjeneganipun nyumanggaaken mugio para lenggah sedaya kersa

               ngedapi pasugatan ingkang cumawis, sak kawontenanipun.

               Dumateng para rawuh sedaya, Bapa Aji Budi Harto nyuwun pangapunten menawi wonten
               kekiranganipun aruh, lungguh, suguh. Saha mbok bilih anggen kawula pribadi matur wonten
               galap gangsulipun atur karana kirang sesserepan saha andhaping pawiyatan, kula nyuwun
               lumunturing sih agunging samudro pangaksami.

               Wassalamu’alaikum Wr. Wb.


               Gladen 1

               Tembung-tembung ing ngisor iki golekana tegese!

                   1.  adicara:
                   2.  sambekala:
                   3.  talanging basa:

                   4.  purwa:
                   5.  wasana:
                   6.  pasugatan:
                   7.  cumawis:
                   8.  widada:
                   9.  dhawuh:
                   10. nggempil:


               Gladen 2

               Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi maca teks sambutan ing dhuwur!

                   1.  Jelasna kang diarani pidhato!

                   2.  Apa bae kang kudu digatekake manawa lagi ngrungokake pidhato?
                   3.  Pidhato ing dhuwur kasebut ana ing acara apa?
                   4.  Miturut teks ing dhuwur sapa kang paring atur pambagyaharja?
                   5.  Miturut teks pidhato ing dhuwur sapa kang palakrama?
   1   2   3   4   5   6   7