Page 5 - MODUL BAHASA JAWA LATIHAN
P. 5
STANDAR KOMPETENSI:
Mampu mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan dan perasaan secara lisan sastra maupun
nonsastra dengan menggunakan berbagai ragam dan unggah-ungguh bahasa.
KOMPETENSI DASAR:
Menyampaikan sambutan dalam bentuk pasrah penganten atau panampi pasrah temanten
dalam upacara adat penganten Jawa.
INDIKATOR:
Berpidhato pasrah atau panampi pasrah penganten adat Jawa
A. Sesorah Upacara Adat Penganten Jawa
Sesorah yaiku jlentrehake idhe utawa gagasan kanthi wujud tembung-tembung kang
diandharake ana sangarepe wong akeh.
B. Tujuwan sesorah
1. Menehi pangerten marang wong liya
2. Kanggo menehi kesenengan utawa panglipur marang wong kang ngrungokake
3. Kanggo menehi pambujuk
C. Sikep sarira kang kudu digatekake nalika sesorah yaiku:
1. Ngadeg kanthi jejeg ora kaku sarta percaya diri
2. Polatan katon sumeh nanging ora digawe-gawe
3. Pandelenge tumuju marang para pamiyarsa
D. Rantaman urut-urutane sesorah
1. Salam pambuka
2. Pambuka ( purwaka basa)
3. Isi ( surasa basa)
4. Panutup ( wasana basa)
5. Salam panutup