Page 10 - E-MODUL INTERAKTIF UNGGAH-UNGGUH BASA
P. 10
UNGGUL 4
3. Tata Krama lan Unggah-ungguh Nyuwun Kawigaten (Meminta Perhatian)
Tata krama lan unggah-ungguh nyuwun kawigaten (meminta perhatian) biasane menawa arepa
tur wara-wara. Coba gatekna pambiawara ana ing sekolah, masjid, kampung lan papan liyane.
Menawa ngadhepi langsung kudu ngetrapake tata kramane.
Gatekna tuladha kanthi irah-irahan “wara-wara” iki!
Wara-wara
Nalika wulangan basa Jawa ing klas wolu, keprungu swara lawing dithothok. Bu Sinta kang lagi
ngasta ing kelas nuli noleh asale swara. Katon ing kono Deni lan Danang. Bocah loro kuwi nyuwun
palilah arep menehi wara-wara ing klas wolu A.
Deni : “Nuwun sewu Bu, keparenga kula nyuwun idi palilah badhe nyukani wara-wara dhateng
kanca-kanca klas wolu A.”
Bu Sinta : “Oh iya mas. Mangga. Bocah-bocah padha digatekake iki kancamu arep menehi wara-
wara.”
Deni : “Sugeng siyang kanca-kanca. Kepareng aku nyuwun kawigatenmu sedhela marang kanca-
kanca pengurus IPM ing klas wolu A yen mengko sakwise rampung pasinaon dak suwun kumpul
ana ing ruang IPM saprelu ngrembug kegiyatan Milad sekolah sing kaping 65. Mangkono wara-
wara saka aku sakanca awit kawigatene aku ngaturake matur nuwun.”
Sakwise rampung anggone menehake wara-wara, Deni lan Dhanang banjur ngaturake panuwun
marang Bu Sinta, guru kang ngasta ing klas wolu A. Deni lan Danang nyuwun pamit kanthi sopan.
4. Unggah-ungguh kanggo Aweh Pangalembana/Ngalem (Memuji)
Pangalembana marang kanca, sedulur lan sapa wae mujudake srana kanggo aweh panjurung
utawa panyengkuyung (motivasi, semangat) tumrap pawongan kasebut supaya tansaya mempeng
anggone sinau, gladhen lan kupiya apa wae kanggo nggayuh pepinginane. Sakliyane iku kanthi
pangalembana awake dhewe duwe rasa preduli marang liyan (peduli/simpati/empati) mula ora ana
alane menawa awake dhewe gelem aweh pangalembana marang wong liya.
Lomba Sesorah
Ana sangarepe kaca lemari, Ratri tansah umak-umik. Kadhang kala sirahe melu gela-gelo.
Tangane loro melu obah. Kaya wong kang nuduhake. Bu Wasita pirsa polahe Ratri, mesem.
Bu Wasita:”Ratri, taksawang kawit mau, kowe kok katon umak-umik ing kaca lemari, lagi ngapa?
Kok ya nganggo mic barang”.
Ratri : “Bu, kula punika nembe latihan sesorah, awit minggu ngajeng ing sekolah punika
dipunwontenaken lomba sesorah. Lan kula kepengin sanget tumut lomba punika”.
Bu Wasita: “Wah yen ngono bener kowe Ratri, yen kowe kepengin melu lomba kowe kudu sregep
latihan supaya anggonmu sesorah bisa becik”.
Ratri : “Inggih, Bu nanging kula punika taksih radi kangelan anggenipun badhe milih-milih
tembung ingkang sae tur inggih leres, Bu”.
Bu Wasita: “Wis aja sumelang, bapakmu iku wiwit biyen tekan aiki isih pinter sesorah”.
Ratri : “Menawi mekaten, dhawah kaleresan Bu. Mangke kula badhe nyuwun dipun gladhi
kalihan bapak”.
Bu Wasita: “Iya kena wae kowe nyuwun digladhi bapakmu. Nanging luwih becik yen kowe sinau lan
nyoba luwih dhisik. Dadi yen mengko bapakmu kondur, mung kari mbenerake lan nambah
saperlune wae”.
Ratri : “Kasinggihan Bu, ancas kula pancen mekaten, mugi-mugi kemawon bapak enggal
kondur saking Jakarta nggih, Bu.”
Fitri Nurhayati, S.Pd.

