Page 12 - E-MODUL INTERAKTIF UNGGAH-UNGGUH BASA
P. 12
UNGGUL 6
GLADHEN 2
Gawea ukara sing isine nyuwun pangapura. Dene sebab kaluputane goleka dhewe, umpamane
amarga telat, ora nggawa buku, ora nggunakake tata krama lan unggah-ungguh sing bener, lsp.
Garapen migunakaken link ing ngisor iki :
utawa bisa scan barcode ing sisih tengen:
7. Unggah- ungguh Wong Micara
Apa para siswa wis tau krungu unen-unen “Ajining diri gumantung saka lathi”? Menawi sampun,
apa tegese? Unen-unen kasebut duwe teges mbok bilih wong kuwi diajeni utawa boten gumantung saka
pangandikane/omongane. Pramila omongan karo wong liya ora waton guneman, ananging ana unggah-
ungguhe. Bab ingkang kudu digatekake nalika micara yaiku:
omongan ingkang bener, aja guneman ingkang boten prayoga;
omongan saprelune wae, ora kudu nggladrah/ngambra-ambra;
aja nyela omongane wong liya, ditunggu nganti rampung;
aja gampang nyacad lan maido tumrap pamanggih/pendapate wong liya;
menawa ana pendapate wong liya kang ora gumathok kalih pendapate dhewe becike digatekake saha
dikurmati;
menawa arep ngandharake pamanggih/pendapate, becike nyuwun ngapunten langkung rumiyin,
umpamane:
“Nuwun sewu, menawi pamanggih kula mekaten...”
“Nuwun sewu, yen pamanggihku mangkene...”
8. Nelakaken Sarujuk/ Boten Sarujuk
Apa kowe wis tau ora sarujuk/setuju kalih pamanggih/pendapatr wong liya? Kepiye carane anggone
nelakake/mujudake rasa ora sarujuk/setuju kalih wong liya? Ugi kepiye carane nelakake rasa
sarujuk/setuju marang pamanggih/pendapate wong liya? Becike anggone nelakake rasa ora sarujuk
marang pamanggih/pendapate wong liya kudu dikantheni unggah-ungguh kang trep supaya wong liya
ora lara ati/tatu.Pacelathon ing ngisor iki kaparagakna kaliyan bapak, ibu, kakang, adhi, utawa
kulawarga liyane kanthi sae.
Bambang : “Kanca-kanca, kowe kabeh wis krungu ngendikane pak Basuki mau awan ta?”
Suryadi : “Iya, uwis. Apa bab sinau klompok?”
Jatmika : “Bener, mumpung UN isih sawetara wektu, becike awake dhewe gawe kelompok belajar.”
Andika : “Yen mangkono Bambang wae sing mbagi klompok, wong dheweke ketua kelas, rak ya apik
ta?”
Jatmika : “Nanging dhasare milih klompok apa? Apa sebab omahe cedhak?”
Yunita : “Aku duwe panemu yen anggota klompok kudu ana sing pinter, dadi bisa marai kancane, lan
cacahe kudu ganjil, aja mung cedhak omahe. Lha yen panemune kanca liyane piye?‟
Purwani : “Wah, sakjane aku setuju nanging sing pinter omahe adoh-adoh kepriye? Apa ora adhedhasar
omahe sing cedhak wae, supados gampang anggone komunikasi? Sing pinter kudu gelem ngalah.”
Andika : “Ngono ya apik, upamane ing klompok kuwi ana soal sing ora bisa dirampungake, bisa takon
marang klompok liyane. Rak ya ngono ta?”
Purwani : “Bisa uga matur marang guru, supados kersa rawuh ing panggonan olehe sinau klompok.
Piye? Rak cocog ta?”
Bareng : “Ya, aku cocog.”
Yunita : “Yen ngono Minggu ngarep sinau klompok enggal diwiwiti, mengko aku sing gawe ketikan
jadwal lan anggota klompoke, kowe kabeh dakwenehi yen wis dakfotokopi.”
Suryadi : “Ya wis, apik kuwi lan muga-muga wae kanthi sinau kanthi klompok iki, biji UN besuk apik
lan maremake.”
Andika : “Amin. Ya muga-muga wae. Ayo saiki bali, sesuk rembuge dibacutake.”
Bareng : ”Ya, ayo…. Ayo.”
Dudutan saka teks pacelathon kasebut yaiku nelakaken raos boten sarujuk. Saperangan siswa duwe
pamanggih kelompok dipunperang adhedhasar siswa ingkang pinter. Siswa kang jenenge Yunita boten
sarujuk menawi kelompok dipunperang adhedhasar griya ingkang cedak. Siswa kasebut nelakaken raos
ora sarujuk kanthi sopan saha dikantheni pendapat/pamanggih ingkang gumathok.
Fitri Nurhayati, S.Pd.

