Page 14 - E-MODUL INTERAKTIF UNGGAH-UNGGUH BASA
P. 14

UNGGUL                                                          8










                               Ukara kangge nelakaken pangajeng-ajeng/ donga umpaminipun:

                                     “Mugi – mugi .....”

                                     “Muga – muga....”

                                     “Pangarep- arepku.....”

                                     “Panjalukku....”




                               11.    Nelakaken Raos Remen/Bungah

                                       Jam setengah pitu Firda budhal sekolah. Ora lali nyuwun pamit bapak lan ibune. Nalika pamitan,

                               astane  bapak  lan  ibune  diambung.  Dina  kuwi  ora  kaya  adat  sabene.  Firda  diparingi  dhuwit  bapakne

                               sepuluh ewu rupiyah supados dianggo tuku piranti nulis. Turahane kena dicelengi. Wah Firda seneng

                               banget.  Tembunge,  “Matur  nuwun  Pak.”  Astane  bapakne  diambung  maneh.  Ulate  seneng  sumringah.


                               Bapake  dhawuh,  ngendikane,  “  Ya,  padha-padha.  Sinaua  kang  sregep  supados  pinter.”  Satekane  ing

                               sekolahan  Firda  crita  marang  kancane.  “Wah,  marem  aku,  seneng  aku.  Dina  iki  aku  diparingi  dhuwit

                               bapakku kanggo tuku piranti tulis.”

                                     Manawa  wong  kanggonan  rasa  seneng,  lumrahe  banjur  ngucapke  ukara  isi  pangalem  dikantheni

                               polatan sumeh, nyenengke, kebak rasa kabagyan, lan bombong ing ati.



                                        Tuladha ukara nelakaken raos remen/bungah upamane :

                                     “Hore, Simbah rawuh!”

                                     “Aha! Aku diparengake plesir ing Kraton

                                     “Wah begja aku, bijiku entuk 10!

                                     “Marem aku, ngrungoke swaramu kang gandem


                                     “Seneng aku, wingi mubeng-mubeng ing Taman Sari



                               12.    Nelakaken Raos Bela Sungkawa

                                         Apa  kowe  wis  tau  nemahi  kanca/sedherek  kang  lagi  nandhang  duka?  Adate  amarga  ana  salah

                               satunggale  kaluwarga  kang  seda/tilar  donya.  Mula  anggone  ngeyem-eyemi  atine  kanca/sedherek  kudu

                               nggunakake  tata  krama  lan  unggah-ungguh  dikantheni  raos  dherek  bela  sungkawa  sinambi  nyaosi

                               donga.

                                 Bela  sungkawa  yaiku  raos  melu  ngrasake  duka  tumrap  wong  liya  amarga  nembe  nandhang  duhkita

                               ditilar kulawargane seda. Kanggo mangertosi kepiye ature raos bela sungkawa, gatekna teks pacelathon

                               iki.




                               Sawijining dina mirengaken kabar menawi simbahipun Rini seda. Kanca-kanca sesarengan takziah saha

                               asung belasungkawa.

                               Ambar          : “ Wis krungu kabar menawa simbahe Rini seda?”

                               Intan            : “Uwis. Jare simbahe gerah sepuh wong yuswane

                                                       wis 70 taun. Ayo padha bareng-bareng angone

                                                       takziah.”

                               Ambar          : “Ya ayo!”

                               Ing omahe Rini

                               Intan            : “Rini, aku sakanca ngaturake ndherek belasungkawa


                                                      ya. Muga-muga simbahmu seda kanthi husnul
                                                       khotimah.”


                               Rini              : “ Ya maturnuwun ya kanca-kanca. Muga-muga aku

                                                       sakulawarga kuwat lan eklas nampa pacoban iki.”



















































                                                                                                                                                                              Fitri Nurhayati, S.Pd.
   9   10   11   12   13   14   15   16   17   18   19