Page 3 - modul jawa IHT
P. 3

3.  Sesorah kanthi cara dadakan utawa impromtu


                       Pidhato cara dadakan kuwi, pidhato sing ora kkanyana-nyana sadurunge. Mula saka kuwi,

                       pawongan sing tinanggenah sesorah kanthi cara iki kudu pawongan sing wis trampil ing
                       pamicara  lan  sugih  pengalaman  uga  kawruhe.  Kepara  pawongan  mau  wis  kalebu  ahli

                       sesorah.


                   4.  Sesorah kanthi cara ekstemporan


                       Sesorah cara iki, juru pamedharsabda kudu ngasta cathetan cilik (outline) minangka gaman

                       utawa pangeling-eling urutaning isi sing bakal kawedharake. Cathetan mau mung isi wos-
                       wosing gati sing arep diwedharake. Cara iki biasa digunakake dening dwija kang arep

                       mulang ana ing sangareping muride.


               C.  Sangunipun Juru Sesorah


                   1)  Nguwasani bahan utawa perkara kang arep diwedharake


                       Juru pamedhar sabda  kudu nguwasani bahan utawa perkara sing diwedharake sarta wani

                       caos tanggapan tumraping panyaruwe. Tanggapan kuwi kudune nduweni dhasar utawa
                       landhesan ora amung waton ngomong.  Mula  kudune nduweni sangu ilmu kang mumpuni.


                   2)  Nduweni Rasa Wani


                       Juru pamedhar sabda uga nduweni rasa wani micara ngadhepi wong akeh. Amarga bisa

                       uga  kalah  prabawa  karo  pawongan  sing  diadhepi.  Apamaneh  yen  sing  diadhepi  kuwi

                       nduweni prabawa lan kepinteran kang luwih.


                   3)  Patrap utawa sikep


                       Patrap utawa sikep kudu sing trengginas, tanggap, manteb, luwes, pantes, wibawa, aora
                       ingah-ingih, apamaneh wedinan. Nalikaning ngadeg kudu jejeg, ora ndhoyong, ora cekelan

                       kepara lendhetan cagak. Parlu dimangerteni juru pamedhar sabda utawa juru paniti laksana

                       sajroning   ngayahi   wajib/jejibahan   uga    dadi   pasugatan    mungguhing     para
   1   2   3   4   5