Page 4 - modul jawa IHT
P. 4

tamu.ngegreng/semuwa  utawa  orane  swasana  wiwahan  gumantung  uga  saka  paraga

                       kasebut.
                       Mula kuwi, kudune nduweni utawa ora uwal saka tata krama utawa trapsila yakuwi solah

                       bawa, tindak-tanduk sing prasaja utawa apa anane ora digawe-gawe. Owah-owahaning
                       pasuryan katon sumriingah anengsemake amarga swasanane nyenengake.



                   4)  Busana lan ngadi sarira


                       Tegese  nalika  nindakake  ayahankuwi  busana  utawa  ageman  lan  ngadi  sarira  kudu
                       diselarasake kahanan.


                   5)  Basa lan sastra


                       Basa minangka piranti utawa sarana lelantaran, sesambungan utawa lung-tinampa karo

                       para tamu utawa sing ngrungokake, mula saka kuwi basane ora basa ndakik-ndakik sing

                       ora  dimangerteni  dening  sing  ngrukokake,  ananging  basa  sing  gampang  dimangerteni
                       wong akeh. Dene basa sing trep uga basa sing bener tuntunaning parama-sastra. Pamilihing

                       tembung, pangrakiting ukara, laguning ukara (intonasi) ingkang cetha, kendho-kenceng,
                       inggil-andhap,  cepet  rindhik lsp.  Ringkesing  basa  kudu  sing  komunikatif,  tegese  kudu

                       ngilingi:


              Sapa sing ngajak guneman;


              Sapa sing diajak guneman;


              Sapa sing diomonggake;


              Swasananing nalikaning guneman;


              Padha mangerteni sing diomongake.





               D.  Cengkorongan Sesorah


               1. salam pambuka
   1   2   3   4   5