Page 35 - Bahan ajar crita rakyat
P. 35
Ngerti bocah wadon mau mlayu mesthi wae, Citrasoma gage-gage
ngoyak nganti bocah wadon mau tekan sawijining omah lan langsung mlebu.
Citrasoma nututi tekan njero nanging sadurunge njaluk ijin dhisik lan sawise
diijini mlebu padha ngenalake awake dhewe sing jebule ora liya yaiku
Nawangsih, putrane Wiku. Citrasoma banjur ngenalake awake dhewe lan
nerangake maksud lan tujuane tekan ing papan kono. Banjur Citrasoma
ditampa dadi murid.
Saben dina bareng-bareng, suwe-suwe Citasoma nandang tresna
marang Nawangsih, semono uga Nawangsih. Amarga padha-padha tresna,
Citrasoma banjur matur marang sang Wiku. Ananging sang Wiku ora langsung
mangsuli lan luwih dhisik njaluk pitutur marang Syekh Maulana Malik Ibrahim
Maghribi babagan perkara iki.
33 | S M P K E L A S V I I