Page 37 - Bahan ajar crita rakyat
P. 37

Prabu Kusuma Wicitra uga sarujuk lan menehi restu marang lelorone.

        Prabu Kusuma Wicitra  banjur paring dhawuh marang Citrasoma supaya tapa

        ana  ing  lereng  Gunung  Merbabu  patang  puluh  dina  patang  puluh  wengi  uga

        nyuwun tulung dhateng raja jin ing ing kono kang asmanipun Prabu Karawu.

        sawise oleh piweling saka sang rama Pangeran Citrasoma banjur budhal netepi

        pangandikanipun  Wiku.  Patang  puluh  dina  patang  puluh  bengi  kliwat  karo


        macem-macem godaan lan pungkasane raja jin, yaiku Prabu Karawu, teka lan

        nyarujuki  panyuwune  Pangeran  kanggo  nggawe  mata  air  sing  dijaluk  dening

        Wiku.


                Sawise Pirang-pirang dina banjur katon tuk ing sacedhake padepokan

        Pangeran  Citrasoma,  rasa  seneng  banget  weruh  bab  iku  dheweke  banjur

        mudhun  menyang  padepokan  ngaturake  kabar  marang  Syeh  Maulana  Malik

        Ibrahim Maghribi. Sawise krungu crita mau, Syekh Maulana Malik Ibrahim

        Maghribi lan Sang Wiku enggal-enggal rawuh ana ing sendhang-sendang lan


        padha padha sungkem atur panuwun marang Sang Hyang Tunggal. Kedadean

        sing  aneh  sawise  dideleng  banyu  sing  metu  saka  sumber  tuk  iku  ora  lurus

        nanging  mlengkung  kaya  keris  pendok,  pungkasane  Syekh  Maulana  Malik

        Ibrahim Maghribi ngendika yen sumber kasebut diarani Tuk Sipendok. Banjur

        Citrasoma mboyong Nawangsih menyang kerajaan Pengging.















        35 | S M P   K E L A S   V I I
   32   33   34   35   36   37   38   39   40   41   42