Page 36 - Bahan ajar crita rakyat
P. 36
Sawise njaluk pitutur, Sang Wiku mangsuli marang Citrasoma, menawa
lamarane ditampa nanging sadurunge Citrasoma kudu gawe sendhang kang bisa
kanggo panguripane wong akeh. sawise oleh katrangan kaya ngono mau,
Citrasoma bali menyang Pengging saperlu nglaporake menyang ramane.
Sawise Citrasoma tekan ing Kraton Pengging, dheweke banjur ngendika
marang sang Rama, yen kabeh sing dirungu iku bener, ana ing pereng wetan
Gunung Merbabu iku ana wiku kang sakti, wicaksana, luhur budine. Pangeran
Citrasoma uga matur marang ramane yen wiku mau nduwe anak prawan ayu
kang ditresnani lan dheweke kepengen omah-omah karo anake sang wiku mau.
34 | S M P K E L A S V I I