Page 4 - tembang dhandhanggula
P. 4

Makna Luhur Tembang Dhandhanggula
               Lelabuhan telung prakara ing tembang dhandhanggula ing dhuwur yaiku :

               1. Guna, bisa mrantasi gawe supaya dadi unggul
               2. Kaya : nalika paprangan negara Manggada, bisa mboyong putri dhomas, diaturake marang ratu,
               3. Purun : kekendale wis nyata nalika perang tandhing karo Dasamuka, ratu negara Ngalengka, patih Suwanda gugur ing
               madyaning paprangan.)
               Watak-watake tembang Macapat

               Tembang macapat ndhuweni watak sing bisa kanggo nggambaraken manungsa. Watak tembang macapat kasebut, yakuwe:
               1)      Kinanthi, awatak : seneng, asih, tresna. Matuke kanggo medharake piwulang, cerita sing ngemu surasa asih tresna lan
               asmara, gandrung-gandrung.

               2)      Pocung, awatak : kendo, tanpa greget saut. Matuke kanggo neng cerita sing sajak mung sakepenake tanpa
               kemempengan.

               3)      Asmaradana, awatak : sengsem, sedih, prihatin. Nanging sedih utawa prihatin sing merga ketaman neng lara asmara.
               Matuke kanggo neng cerita sing isi surasa nawung asmara.
               4)      Mijil, awatak : wedaring rasa. Matuke kanggo neng cerita sing isi pitutur, nanging uga kena tumrap sing cerita
               gandrungan.
               5)      Maskumambang, awatak : nelangsa keranta-ranta. Matuke kanggo medaarake rasa – pangrasa sing nggereges, nelangsa
               keranta-ranta.

               6)      Pangkur, awatak : sereng. Kanggo neng cerita sing ngemu surasa sereng, sajak gregetan. Yen pitutur, ya pitutur sing
               serem semu srengen, yen gandrung, ya gandrung sing serem, gandrung-gandrung kapirangu. Lumrah uga kanggo neng cerita
               perang.
               7)      Sinom, awatak : grapyak, renyah, cocok karo jenenge sinom, sekang garbane tembung “si + enom”. Matuk kanggo
               sesorah, cerita sing isi pitutur.
               8)      Dandanggula, awatak : luwes, resep. Tumrap neng cerita sing ngemu surasa kepriwe bae bisa mlebu/pas, pancen
               luwesan. Kanggo neng bebuka prayoga, kanggo medharake piwulang ya kena, kanggo cerita sing isi gandrung-gandrungan uga
               kena, kanggo penutuping karangan ya lumrah.
               9)      Durma, awatak : galak, muntab. Mathuk kanggo medharake rasaning ati nepsu, ati kedereng sereng, utawa kanggo
               neng cerita perang.

               10)     Gambuh, awatak : rumaket, kulina, wanuh wani. Matuk kanggo medarake pitutur sing rada sereng merga wis keduga
               lan lumrahe nganggo basa ngoko, ya basane wong sing wis kulina raket sesrawungane.

               11)     Megatruh, awatak : sedih, kingkin kaworan nglokro (putus asa), kanggo medharake rasa gegetun pungun-pungun,
               nelangsa keranta-ranta.
               Tegese tembung :

               yogyanira = becike, sebaiknya.
               prajurit = bala, tantra, saradhadhu, bala koswa, tentara.

               kadya = lir, pindha, kaya, seperti.
               nguni = jaman biyen, dahulu kala.
               andelira = andel-andele , andalan.
   1   2   3   4   5   6