Page 34 - Thukul Ing Lemah Nela
P. 34
Thukul ing Lemah Nela
“Aku titip kandhakna, kapan sidane leh mangan
sawahku.”
Kidang ora nyauri, dheweke mung godheg. Malah
Kidang ngajak Kanciludin melu nekani syukuran kuwi.
Mesthi wae Kanciludin wegah, pamong ya dudu, tim
sukses ya dudu. Dibayarana kon teka dheweke ya tetep
wegah. Awit rumangsane Kanciludin, syukurane kuwi
dhuwit saka akal-akalane Sima Ludira. Sing ateges
bathene saka wong sing arep mbangun toserba kae.
Sapungkure Kidang, Kanciludin ngeling-eling
kandhane Kidang. Nyut ana pikiran anyar ing bathuke.
Rindhik asu digitik, Kanciludin mlaku turut dalan cilik
sing tumuju neng omahe. Tekan omahe Blekok,
mampir nyilih klambi bathik jangkep saclanane sisan.
Lan langsung dienggo ing kono. Sing nganeh-anehi,
dheweke uga nyilih sepatu. Njelalah kok ya pas banget.
Nanging saumur-umur lagi sepisan kuwi nganggo
sepatu dadi mlakune ketok kaku banget.
“Aku titip gombalku iki mengko takjupuke nek
acaraku wis bar.”
Najan gumun weruh kakangane kaya ngono,
nanging Blekok ora kewetu arep tekok. Mung batine
paling arep kanggo jagong manten.
Tekan panggonan swasana rame banget. Montor
parkir ngebaki dalan. Para among tamu kabeh sarwa
jas lan dhasi. Tamune akeh banget, ing kono hiburane
campursari sing penyanyine ayu-ayu.
Tekade wis kandhel, rangu-rangu mlebu omah loji
kuwi kaya sepisanan mara kae diguwak. Tatag atine,
yen tatag mesthi bakale tutug ngono grenenge.
Njelalah lagi mlaku runtung-runtung tut wong-wong
sing arep mara, pethukan Jago Wido. Dheweke
methuki Jago Wido karo nglebokake amplop putih ing
Supriyoko | 26